Kamis, 04 September 2008

Urun Rembug

Nyinau basa jawa iku padha karo nyinau sesrawungan kanthi migunakake basa. Basa Jawa iku beda manawa katandhingake karo basa-basa liyane. ing basa jawa nduweni unggah-ungguh utawa undha usuk kang kudu bener utawa trep anggone migunakake kanggo sessrawungan ing masyarakat. Unggah-ungguh basa iku underane bab rasa urmar utawa pakurmatan ing sajroning migunakake basa. Dene kang gegayutan karo unggah-ungguh iku yaiku adhedhasar: a) sapa sing gunemen, 2) sapa sing diajak guneman, lan 3) sapa sing digunem.
Guneman iki lumrahe mesthi ora ijen kajaba wong kang lagi nggrundhel utawa ngunandika. Kanthi mangkono saben guneman mesthine ana wong kang diajak guneman ya mesthine kahanane kang beda-beda: sabarakan(padha-padha umure), luwih enom apa luwih tuwa, wis tepung suwe apa durung lan apa kalungguhane(statuse). Iki mau gambarane cak-cakane basa Jawa.
Apa kawula mudha jaman saiki ngerti cak-cakane unggah-ungguh basa kanthi bener? Ing satengahe jaman modhernisasi, globalisasi kang kudu migunakake basa Inggris kanggo srawung karo bangsa liyane.
Mula kawicaksanan kang ditetepake Gubernur Jateng kang nglebokake Basa Jawa minangka kurikulum wajib tumrap pendidikan SD,SLTP, lan SLTA kaya aweh pangarep-arep kanggo mekar lan ngrembakane basa Jawa ing masyarakat Jawa, amrih basa Jawa ora ilang dicaplok jaman.

Tidak ada komentar: